Layang Kanggo Bejo

Mbah Sastro nulis layang kanggo anake, Bejo, sing lagi ditahan merga dikira teroris, isi layange:

"Jo, bapak wis tuwa tur ringkih, isih ngono sedih mikirne awakmu.. Saiki wis mangsa tandur telo, le. Kowe apa isih suwe ditahan? Njur iki sapa sing arep ngrewangi bapak macul?"

Kacek seminggu Bejo mbales layange bapakne, anggone ngirim layang dititipake sipir penjara,

"Pak, aku njaluk tulung tenan yo, kebon'e aja dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedhil karo granat ning kebon kono kuwi, Pak. Tenan ya pak, aja dipaculi disik.."

Ora ngertiya, layang saka Bejo mau disensor dhisik karo petugas penjara.

Seminggu bar kuwi mbah Sastro kirim layang maneh:
"Jo, sak bar-e aku nampa layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebon-e bapak.. Jarene nggoleki bedhil karo granat sing mbok pendhem. Nyatane ora ana.. Trus aku kudu piye iki, Jo?".

Bejo genti bales kirim layang maneh:
"Pak, saiki langsung ditanduri telo ae Pak.. Kan wis dipaculke karo bapak-bapak Densus. Aja lali ngaturke matur nuwun marang bapak-bapak Densus ya Pak, muga-muga entuk piwales saka Gusti Allah.."

Sent by: e-ketawa posted on 15 September 2015