Masang Untu Palsu

Dokter: "Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo?"

Yang Kung: "Oleh ae, ning regone piro?"

Dokter: "Murah kok mbah... cuma rong yuto."

Yang Kung : "Yo wes... pasangen.. Larang-larang sithik gak popo."

Bar untune dipasang, Yang Kung mbayar nang dokter.

"Iki Dok, tak kontani, rong nyuto...!"

Mari mbayar Yang Kung klunuk klunuk mulih. Let sediluk doktere mbengok.

"Mbah... Mbaaah... Kosik... mbaliko..!!"

Yang Kung : "Lha opo to Dok, duwite kurang?"

Dokter: "Gak ngono mbah, iki lho duwit sampean palsu kabeh !!"

Yang Kung : "Lha sing mbok pasang nang cangkemku opo untu asLi? Lak yo podo palsune to?!"

Dokter : "Wong tuwek ediaaannn ..!!"

Sent by: e-ketawa posted on 15 September 2015