Nyang-nyangan Rego Becak

Ceritane mbah putri bar blonjo neng pasar Beringharjo, mulihe pengin numpak becak. Nyang-nyangan karo tukang becake.

Simbah: "Pak, 5.000,- purun nggih ?".

Tukang becak: "Oh dereng saget, 10.000 mawon mbah.."

Simbah : "Emoh ah, 5.000 wae to...!!! Mengko tak duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yoo..."

Tukang becak: "Mboten saget mbah... Nek 10.000 nggih kulo purun.."

Mangkel mergo tukang becake ra gelem ngedukke rego, akhire simbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak.

Simbah ngedumel: "Nggih pun, tak bayar 10.000.!!"

Pas neng dalan...

Tukang becak: "Mandap pundhi, mbah?"

Simbah: (Meneng wae...)

Tukang becak: "Lha niki mandap pundi, mbah...???"

Simbah: "Kan wes tak omongi dek mau... Nek 5.000 mengko tak duduhi dalane... Ning nek 10.000 yo ora tak kandani omahku ngendi, GOLEKONO DEWE...!!!"

Sent by: e-ketawa posted on 25 July 2016