Dolan neng Kafe

Kedadeyan ono ing kafe "Always Love" (Tansah Trisno)

Agus lungguh dewekan nang Bar. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Bambang mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu-uayu, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok.

Agus mbatin, "Kapan nasibku koyo Bambang. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek.."

Pas Bambang mlaku nang Bar, Agus ono kesempatan takon:
"Mbang, piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu-ayu?"

Bambang: "Ojo crito-crito yo, tak kandhani rahasiane... mrene nek awakmu dolan rene maneh... begitu awakmu lungguh neng bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo bar, wis mesti wong wedok-wedok iku marani"
..
Agus: "Tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan..."

Bambang: "Awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki deloken aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma ngono thok modalku.."

Sesuk bengine, Agus kledhang-kledhang mlebu kafe; Bambang wis ono neng jero lungguh karo wong wedok telu.
AGUS marani bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo bar.. gak ono reaksi babar pisan..
Kunci dijupuk maneh disak'i.. Bareng ono wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja bar.. Gak ono reaksi maneh, malah diguyu-guyu.

Bambang sing wiwit mau ngawasno wae langsung marani Agus, karo mbisiki,

"..awakmu iku lho, kok goublok nemen to....COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu!!"

Sent by: e-ketawa posted on 04 November 2014