Operasi Zebra 2013

Diwoco sek yo... Iki Polisi kabeh sak Indonesia mulai sebtu (3/08/2013) nglaksanake "Operasi Zebra 2013" Bareng-bareng suwene 14 dino, mulai 3 s/d 17 Agustus 2013.

Nek saiki gek akeh operasi, ojo heran, ojo njuk muni, "Pantes, gawe mudik!! Polisine wis do ra nduwe duit njuk akeh operasi..." Tapi memang saiki polisi sak Indonesia gek ono program Operasi Zebra tp yo cen ndilalah pas tanggal riyaya barang...

Neng oprasi iki Polisi luwih mentingke kegiatan Pre Emtive, Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke Tabrakan, kejahatan kendaraan lan ngglangsar...

Sampekke neng Sedulur, tonggo, guru, konco, pacarmu, kimcilmu, selingkuhanmu, mbahmu, pakdemu, mbokdemu lan kabeh handai taulanmu supoyo nglengkapi dokumen kendaraane (SIM karo STNK) BPKB-ne rasah digowo ndak ilang, lebokke pegadaian wae malah oleh duwit. Kelengkapan kendaraan yo dinggo (HELM-e sik standar, ojo ming nganggo cumplung utowo sigaran bal, spion loro kiwo tengen ojo deleh kiwo kabeh, plat nomere seng biasa wae rasah dibentuk-bentuk sing aneh-aneh opo meneh ditulisi jenenge mbahmu ndak malah ketok wong alay.

Sing nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo mung nggo pajangan, nek mobile ra ono sabuk pengamane yo nganggo debok garing utowo tali rafia. Sing numpak motor roda 2 supoyo tetep nguripke lampu (awan karo bengi) sing lampune pedot ndang ditukokne, wong tuku Blackberry we kuat kok tuku lampu mangewu wae aras-arasen.

Wis yo. Mbok laksanakke yo alhamdulillah, ora mbok laksanake nek ono opo-opo yo urusanmu wong aku dudu wong tuamu.. Yo to..?

Sent by: e-ketawa posted on 09 August 2013