Konco Turu Ngorok

Sarip : "Kamare jik onok mas?"
Losmen : "Wah sampun telas, kebak sedoyo Pak..."
Sarip : "Waduh, aku sedino lelungan mbok digolek-golekno nggae kloso yo gak opo-opo..."
Losmen : "Sakjane wonten setunggal, nanging wonten tiyange bapak tentara piyambakan, kamare wonten peturone kalih."
Sarip : "Opo gelem dijak paron?"
Losmen : "Purun, wonge niku rodo medhit, angger sewo kamar losmen paron mesthi purun."
Sarip : "Yo wis, aku gelem."
Losmen : "Ning kathah ingkangng sambat, je."
Sarip: "Sambat yok opo?"
Losmen : "Tiyange niku ngoroke kados bledeg nyamber-nyamber"
Sarip : "Gak opo-opo"
Losmen : "Biasane konco sak kamar mboten tahan, mboten saged tilem... kebrebegen."
Sarip : "Gak opo-opo"

Bareng isuke Losmen takon nang Sarip

Losmen : "Dos pundi pak? Saged sare?"
Sarip : "Iso, turuku angler, sak iki awakku seger."
Losmen : "Wah, dos pundi caranipun?"
Sarip : "Pas wayahe turu, wong iku ngorok mbrebegi kuping."
Losmen : "Lha, rak tenan to? Lajeng kepripun?"
Sarip : "Langsung ae tak ambungi wonge..."
Losmen : "Ha...? Nopo sampeyan hombreng ?"
Sarip : "Gaaak!! "
Losmen : "Lha njuk pripun?"
Sarip : "Mari ngono wonge sak wengi melek, gak wani turu!"

Sent by: e-ketawa posted on 07 February 2013