Pitutur Jawa Babagan Setan

Pitutur Jowo kanggo kabeh, ora kabeh sifat setan kuwi elek, sifat-sifat sing becik keno dituladhani.

Tuyul
Senajan isih cilik tapi wis pinter golek duit.

Kuntilanak
Susah lan seneng tetep ngguyu ngekek.

Pocong
Senajan akeh klambi model anyar, tapi tetep sederhana, ora gelem ganti model sing reko-reko.

Nyai Roro Kidul
Senajan ayu lan panggone ono ing segoro, tapi gak tau ngagem bikini, agemane tetep rapi, amargo tansah njogo etika lan kehormatan.

Genderuwo
Iki lelembut sing paling istimewa. Senajan gak tau adus, gak tau sikatan, ambune penguk, rambute acak-acakan tur kemproh pol tapi sih tlaten moco iki nganti rampung...

Sent by: e-ketawa posted on 30 January 2013