Cukur Ing Salon Modern

Mbah Kakung potong ing salon modern

Pelayan: "Ngersakke nopo mbah?"

Mbah kakung: "Ajeng cukur mas, soale ajeng reunian niki rambute pun dowo selak sumuk."

Pelayan: "Nggih gampil mbah, ning sakderenge rambute dikramasi riyin nggih ben resik.."

Mbah kakung: "Pun manut mawon kulo mas."

Mbah kakung seneng banget lagi pisan iki dikramasi karo dipijeti sirahe. Bareng wis rampung.

Pelayan: "Mbah niki rambute simbah pun putih kabeh disemir ireng riyin nggih ben ketok mundak enom melih."

Mbah kakung: "Nggih mas saene mawon kulo manut."

Bareng rampung di semir mbah kakung ketok gagah bali enom meneh.

Pelayan: "Terus sakniki simbah ngersakke potong model pripun, ten mriki pun ahli cukur sedoyo segala model saget mbah."

Mbah kakung: "Kulo pengin gundul mawon kersane ten sirah entheng."

Pelayan: "!!!!!!!?!??!??!??!??!"

Sent by: e-ketawa posted on 22 January 2018