Enak Nalika Jamane Pak Harto

Sawijining dina, Glendoh sing umure ngancik 76 tahun lan putune Klithuk kelas 1 SMP lungguh enggar-enggar rasa ing sangisore wit asem.

Klithuk: "Mbah, njenengan rumiyin nate kepanggih Pak Harto?"
Glendoh: "Iya cah bagus. Simbah mbiyen pengurus paguyuban mantan pejuang. Tau diundang Pak Harto ing Gedung Agung Jogja."
Klithuk: "Kula badhe nyuwun pirsa, Mbah Kakung rumaos sekeca nalika jaman Pak Harto punapa malah jaman sapunika jamanipun SBY?"
Glendoh: "Ya genah cetha kepenak jamane Pak Harto..."
Klithuk: "Pawadanipun punapa kok Mbah Kakung rumaos langkung sekeca nalika jaman Presiden Soeharto?"
Glendoh: "Ngene, jaman Pak Harto kawitan dadi presiden kuwi Mbah Putri kae isih ayu kinyis-kinyis... Hla yen ditandhingke jaman saiki miturutku ya kepenak jaman Pak Harto ta ya..."

Klithuk: "???"

Sent by: e-ketawa posted on 04 April 2013