Telulas Bar Kuwi Patbelas

Sore-sore Sutaji mlebu omah berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah melok gupuh kabeh.
Ambek mboke Romlah ditakoki, "Opoko awakmu iku, penc ilakan koyok tandhak bedhes ?"
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane dibukak raine bundhas abang kabeh.
Lambene njedhir getien.
Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok adem terus isok cerito ndhik Romlah.
"Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak ta. Lha aku krungu akeh arek cilik-cilik bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas teng teng teng... telulas crek crek crek... telulas teng teng teng . . . terus ae dibolan-baleni. Tak goleki suarane tibake ndhik njero gardu hansip. Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku. Saking penasaran onok opo, gardhune tak cedaki, tibake suorone tambah banter... telulas teng teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.
Tak pikir paling iku arek-arek lagi totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok ndhik bolongan iku mau, moro-moro arek-arek iku nggepuki raiku ambek kulit duren, godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang kalir sampek bundhas kabeh koyok ngene. Pas aku isok narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping. Lha mari ngono arek-arek iku mau mbengok maneh . .pat belas teng teng teng... pat belas crek crek crek...pat belas teng teng teng"

Sent by: e-Ketawa posted on 19 December 2003