Purik Lanang Wadon

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro -moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".
"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar
muring-muring.
"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.
"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek menteleng.
"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po'o cak.."
"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! "
Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah koncone.
Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko. De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.
"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.
"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare bojone.
"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.
"Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."

Sent by: e-Ketawa posted on 16 December 2003