Undangan Salah Cetak

Rabi kurang sedino, Ida nangis mbengok-mbengok, marai bapak-ibuke bingung gak karuan.

Bapak : "Ndhuk, menengo Ndhuk, ngelu ndhasku ngrungokne kowe nangis bengok-bengok??!!"

Ibu : "Kowe ki kenek opo to Ndhuk, sesuk rabi kok malah mbengok-mbengok nangismu, la kowe lak rabi karo pacar pilihanmu dhewe, kudune rak seneng to!!"

Ida : "Sampeyan ndelok to Bu, sampeyan woco undangan nikahku, mosok tulisane:

TURUT MENUNGGANG :

1. Pak Camat dan jajarannya,
2. Pak Lurah dan jajarannya,
3. Pak RW dan jajarannya,
4. Pak RT dan jajarannya,

Bu, aku gak kuaaaaaat..., lak ruuweemuk tenan awakku.. Aluwung dibatalke wae rabiku timbang remoook awakku.."

Sent by: e-ketawa posted on 19 November 2015