Dioyak Asu Akeh

Samin tukang cet seko sawijining kontraktor PT. Tukar Guling, paling wedi karo asu. Dino setu dewekke dikirim seko proyek saperlu ngecet omahe Babah Setu juragan roti sing kondang neng kuto Sala.

Babah Setu duwe asu akeh banget, ono herder, ono kikik, ono lasy, doberman, pokoke akeh banget. Si Samin wis diterke pembantune mlebu omahe kon ngecet.

Lagi enak-enak ngecet Samin dioyak karo asune babah Setu, akeh banget. Samin mlayu sipat kuping nganti kupinge potol.

Samin mbengok-mbengok, "Tulung.. tulung.. aaasssuuuu.. setannnnn alaaassss!!"

Babah Setu kaget weruh Samin mlayu rikat banget. Saking rikate nganti nabrak-nabrak macem-macem, rotine babah Setu ugo keidak-idak.

"Haiyaa.. cah gemblung roti owe.. rottiiii oweeee.. amsyooonggggg!.. ludes kabeh.. owe lugi lahh!!!!!

Sent by: e-ketawa posted on 04 September 2014