Berobat Nang Klinik Tong Pes

Nang daerah cedek kenjeran, ono klinik jeneng klinik "TONG PES". Nang kono ditulisi, sopo ae sing berobat nang kono gak waras, duwite dibalekno sampek 5X lipat. Saben dino klinik iku rame terus, gara-gara slogane sing provokatif. Tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras. Durung tau ono pasien sing komplain, gara-gara gak waras.

Akhire ono arek jenenge Mantili iseng2, pingin ben klinike gak iso nangani ben duwite iso mbalik 5X lipat. Deweke ngarang penyakit sing kiro-kiro aneh, sing wong durung tau krungu.

"Bib, aku iki kog duwe penyakit aneh yo?", curhat nang tabibe TONG PES
"Penyakit opo cak?", jare tabibe
"Iki loh bib, aku ben mbadog kog gak kroso opo-opo. Pedes, asin, legi, gak kroso blas."
"Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat No. 7."

"Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?"
"(aku pura-pura gak kroso opo-opo ah, ben duwite iso mbalik)" Batine Mantili. Barang diombe, eh... mantili keceplosan "Jancoook iki ngunu duduk obat bib, tapi telek pitik, matamuuu picek tah?!!"

Tabib: "Wah, berarti wes waras raimu... Cangkemmu wes iso ngrasakno telek pitik barang..."

Akhire Mantili mulih karu nggremeng gak mari-mari... "Asuu, wedhooss, gateli tabib iku..!!"

Minggu ngarepe, Mantili iseng meneh, pingin berobat nang klinik TONG PES. "Mugo-mugo ae aku gak apes cok, entok duwek akeh gae nggarap wedokan."

"Bib, aku duwe penyakit aneh..."

"Opo iku?"

"Ngene bib. Aku akhir-akhir iki kog gampang lalian. Jek tas 5 menit nggacor wis lali sing di nggacorno..."

"Walah...gampang iku."

"(Cok, asuuuu, kog ngomong gampang meneh?)", batin Mantili sing wis merinding gak karuan.

"Mei Lin, tulung jupukno obat no. 7", jare tabibe..

"Bib ojok gateli yo raimu cok, aku moh nek obat no. 7"

"Loh opo'o?"

"Iku duduk obat suu, tapi telek pitik."

"Lah iku raimu eling cok, Berarti penyakitmu wis waras pek!!!"

"Wes bib, gak sudi aku gak kate brobat meneh. Gateelll Ben nang kene disuguhi telek pitik. Apes temen awakku..."

Tabibe ngguyu cekikikan ..!

Sent by: klemput80 posted on 05 July 2013