Ramalan Bintang Zodiak Jowo

Ramalan jodiakmu dino iki:

1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol.
Keuangan: dedel duwel.
Asmara: golek sing rodho genah lan waras.

2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
Asmara: Sedelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo.

3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel.
Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu tp gak koyok raimu".

4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.

5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi trader.
Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat.
Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane .

6. Gemini
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: gak jelas sir-siran e lanang opo wedok.

7. Kanser
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, atene bangkrut.
Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.

8. Leyo
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
Keuangan :mbrebet .
Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun

9. Libra
Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak dadi tukang golek beling.
Keuangan: gak enthos golek duwik.
Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang

10. Sekorpio
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
Keuangan: podo mlarate, dikuras copet.
Asmara: duwe sir-siran nggrik-ngriken.

11. Sagitariyus
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo.
Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu.

12. Kaprikorn
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil.
Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih!
Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e ajur mumur.

Sent by: e-ketawa posted on 27 February 2013