Robot Pelayan Restoran Neng Jepang

Seminggu neng Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, trus ngomong:

â€oeWhat is your nationality?”, robot takon.

â€oeIndonesia” jare Pakdhe.

â€oeSelamat datang”, jare robot nganggo bahasa Indonesia.

â€oeApa bahasa suku Anda?”, robot takon meneh.

â€oeJawa”, jare Pakdhe

â€oeSugeng siang. Badhé pesen nopo?” Jare robot nganggo boso jowo.

"Canggih yo bu?", Pakdhe ngomong karo Budhe.

Budhe : â€oeOno lotek?”, ibune takon karo robot.

Robot : â€oeOno.”

Budhe : â€oePesen rong porsi.”

Robot: â€oePorsi gedhe opo cilik?"

Budhe : â€oePorsi gedhe.”

Robot : â€oeLomboke piro?”

Budhe : â€oeSing siji loro, sing siji sepuluh.”

Robot : â€oeNganggo kangkung?”

Budhe : â€oeYo.”

Robot : â€oeNganggo timun?”

Budhe : â€oeYo.”

Robot : â€oeNganggo kol?”

Budhe : â€oeYo.”

Robot : â€oeNganggo kol jowo opo kol asli Jepang?”

Pakdhe : â€oeSing endi wae lah manut!”, Pakdhe wiwit rodo nesu.

Robot : â€oeKacange diuleg opo diblender?”

Pakdhe : â€oeKuarepmu!”

Robot : â€oeKacange setengah mateng opo mateng?”

Pakdhe : â€oeGoréng sing gariiiiiiing..!!”

Robot : â€oeNganggo bawang goreng rak?”

Pakdhe : â€oeNganggo..., asu!” Pakdhe misuh banter banget.

Robot : â€oeDipiring opo dipincuk?”

Pakdhe : â€oeDipiring !”

Robot : â€oeLengone nganggo margarin opo minyak kelapa?”

Pakdhe : â€oeJelantah... wedhus!! !” Nesu banget soale wis sepuluh menit dhewe.

Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh:

Robot : â€oeMaturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di suguhake...”

Pakdhe : â€oeNopo? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo to ndes?”, jare Pakdhe emosi.

Robot : â€oeSoale durung ono asune karo wedhuse...”

Pakdhe : â€oeDiancuuuk...Iso edan aku! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!!”, Pakdhe nggondhok...

Sent by: e-ketawa posted on 23 February 2012