Nyelundupke Barang Liwat Pelabuhan

Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung metu seko pelabuhan.
Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro kiwo tengen.
Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek kampes.
Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki." jare Togog maneh.

Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso, akhire Togog diculno.
Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.
Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.
Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.
Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir.

Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan.
Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk ambek Togog maneh.
Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.
Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.
Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.

"Sepeda . . ."

Sent by: e-ketawa posted on 03 February 2004